Selasa, 18 Oktober 2016

Retorika Jawa


GINANIPUN MATA KULIAH RETORIKA
WONTEN ING MASYARAKAT

Dening: Khotimatul Aminah

Manungsa ingkang salah sawijining karsa Gusti Allah SWT, kaparingan anugrah saha kamulyan akal budi pekerti miwah wicara ingkang bentenaken manungsa kalihan titah sanesipun. Anugrah punika saged dipun ginakaken manungsa kagem interaksi kalihan sesaminipun . Wicara  sampun dangu dipun ginakaken minangka sarana komunikasi wiwit saderengipun manungsa mangertos tulisan. Mangka boten gumun, kathah tiyang ingkang sinau “ngelmu basa”.
Wonten ing tlatah Jawi, ngelmu basa utawi retorika punika dipunwastani ngelmu ingkang ngrembag babagan tatacaraning pidhato ingkang prasaja, leres, saha sae. Pidhato menika asring dipun ginakaken wonten ing upacara-upacara adat Jawi kados dene mantenan, halal-bihalal, mitoni, kesripahan, kempalan RW/RT, saha pawiwahan, pahargyan utawi pepanggihan sanesipun. Kanthi sinau retorika, kita inggih saged mengaruhi tiyang sanes supados kersa nindakaken punapa igkang kita ucapaken. Tiyang utawi priyantun ingkang nindakaken pidhato kedah dipun arani pambiwara. Tugasipun pambiwara inggih punika ngendhaleni utawi mranata lumampahing adicara supados saged rancag saha urut.
Pakaryan pambiwara saged dipun sinauni dening sinten kemawon tiyang ingkang remen lan kepengin saged nindakaken, kajaba tiyang ingkang nyandhang tuna wicara. Sinau retorika menika kathah sanget kaginaanipun, mawi wonten ing masyarakat utawi kagem kita piyambak. Ing jurusan sastra Jawa FIB UNS menika retorika dados mata kuliah ingkang wajib dipun sinauni dening mahasiswanipun, amargi manfaatipun ingkang kathah kalawau. Nalika mahasiswa lulus, sampun dipun bekali ngelmu retorika ingkang saged dipatrapaken wonten ing masyarakat. Ngantos ing sakniki retorika dipun ginakaken ing bidang politik, perdagangan, seni, pendhihikan, lan sapanunggalipun. Ing bidang politik, retorika menika sarana efektif kagem amenangaken prekawis kanthi ginakaken basa ingkang retoris. Kagem kampanye-kampanye nalika badhe ngawontenaken pemilu, retorika dipun ginakaken mengaruhi lan damel masyarakat yakin saha pitados. Ing bidang perdagangan, fungsinipun retorika menika kagem promosi barang-barang dagangan awujud iklan, advertensi, lan reklame. Ing bidang seni, retorika dipun ginakaken kagem sarana hiburan kados dene seni pedhalangan utawi pewayangan ingkang migunakaken retorika kagem nyariyosaken carita wayang, tujuanipun supados nilai luhur lan pelajaran punika saged dipun tampi dening masyarakat sekitar kanthi sae. Ing bidang pendhidhikan retorika dipun ginakaken kagem nglancaraken proses pasinaon. Retorika dipu ginakaken guru kagem nyaosaken materi pelajaran ingkang dipun pelajari.
Kathah sanget kegiatan masyarakat ingkang magepukan kalihan retorika. Mangka, sinau retorika niku penting sanget kagem nglancaraken pakaryan punapa kemawon supados nyiptakaken suasana komunikasi ingkang laras, lancar, lan boten wonten piyambak ingkang dirugikaken.

Surakarta, 20 September 2016

Tidak ada komentar:

Posting Komentar