Minggu, 20 Mei 2018

Geguritan "Gesang"


GESANG
Dening: Khotimatul Aminah

Urip iki ora suwe
Ana kalane manungsa bali
Menyang papan panggone
Ngadhep marang Gusti
Kang Maha Suci

Urip iki ora suwe
Kaya dene wong mampir ngombe
Mula urip aja sakarepe dhewe
Tandang sembrana tanpa mikir jalare

Urip iki ora suwe
Aja nganti gawe
Sengsara uripe wong liya
Ayo padha ndandani barang kang ala
Ala kang sumebar ing badan priyangga

Surakarta, 20 Maret 2017

CERKAK BAHASA JAWA



LELAKONING AURIP
Dening: Khotimatul Aminah


Wus dadi adhate wong lanang ing desa Jajar, nalika keprungu adzan isyak ndang gage-gage ngubetne sarung, njukuk banyu wudhu menyang mbelik kang manggon ana ing pojokan pawon omahe dhewe-dhewe. Ora lali amrehe ora gampang rusak, wong-wong padha nganggo sandal swallow wae, gabese empuk lan kepenak digawe neng sikil.Opo meneh nalika kenekan banyu, mesti gampang garing lan ora bakal rusak.Kepriye yen ora nduwe? Wajib tuku dhisik neng tokone Yu Mirah, randha teles sing lagi wae ditinggal sisihane mati. Etung-etung kanggo nglarisake dagangane, wiwit ditinggal bojone yu Mirah katon pucet prautane. Sapa ngerti yen gelem tuku swallowne bisa nyenengake atine yu Mirah. Lha iyo, deweke bisa nglumpukake duwit akeh njur atine maleh bungah.
Biyen nalika iseh usum sandal slop sing bahane saka karet kae wong-wong padha wis marem duwe sandal sapasang wae. Pancene awet, iso dienggo sabendina tur yo iso dienggo dolan lan njagong nalika tangga lan sedulure nduwe gawe. Nanging saiki jamane wus beda. Jarene iki jaman globalisasi. Apa-apa sarwa anyar. Jaman biyen nalika aku menyang pasar, akeh banget wong kang dodolan sandal kuwi, nanging saiki aku wus ora tau ngonangi. Saiki pancen usume sandal swallow. Neng toko ngendi-ngendi enek. Regane yo murah. Duwet wolungewu wus iso gawa muleh sandal sapasang. Rak yo murah to?
Ing pinggir mesjid ana enem pasang sandal swallow. Sing sapasange meneh sandal slop sing dak omongake mau. Kuwi sandale mbah Wiji sesepuhe desaku. “biyen jamane iseh usum sandal iki aku tuku salusin, amarga pas kuwi aku bar entuk rejeki nomplok” ngendikane mbah Wiji.“rejeki nomplok saking pundi mbah?” Pitakonku karo mripatku menthelengi sandhal kuwi.“nalika aku iseh jaka, aku melu lomba pitulasan. E lha kok aku ditantang pak lurahlomba panjat pinang. Ngendikane pak Lurah dadi wong lanang mosok ora wani menek teka ndhuwur. Rak yo jenenge pelecehan harga dhiri to yo, wong cah enom sing gesit kaya aku ngene kok di arani cah ra waninan.Banjur tak turuti panjaluke pak Lurah”. “jan jane panjenengan niku punapa pancen gesit tenan to mbah menawi babagan penekan menika?”. “woo yo jelas. Buktine pas kuwi aku sing sik dhewe tekan ndhuwur. Bebasan kaya bajing sing lagi saba ing uwit. Mak clorok… mak clorot…”.“hahaha… aku ngguyu cekakakan lan mbayangne nalika mbah Wiji sing saiki umure wolungpuluh taun kuwi penekan ing uwit. Apa ya isih gesit kaya jaman enom-nomane?
Mbah Wiji kuwi pancen senengane crita. Critane ngalor-ngidul-ngetan-ngulon, apa wae sing wus tau dilakoni yo kudu dicritakake marang bapak-bapak kang aktif sholat jama’ah ana ing Mesjid Baiturrahman. Ora kon awor kepriye? Saben bar jama’ah isyak sing dijujug ora omahe dhewe-dhewe, nanging warunge yu Sih kulon kuburan kae. Jenenge wong lanang, yen durung tuku kopi neng warung jarene urong cos pleng. Opo meneh warunge plus-plus, tv lan kipas angin yo wus cumepak, nyamikan lan klethusan yo wes komplet. Lha iki sing paleng mulus, eeeh plus… bledro anggonku ngucap, bakule njelalah yo ayu tenan prautane. Wong lanang ngendi sing ora betah yen neng warunge yu Darmi? Umure telungpuluh lima taun, awake semok ngarep mburi, pipine kinclong ibarat mutiara kang mengkilap sing dipasang ing toko emas kulon pasar wage kae, rambute dawa, lurus, lan semu-semu pirang, biyen nate tak takoki merga aku pengen ngerti apa rambute kuwi asli lan ora disemir? Sumaure “asli wiwit lair rambutku pancen rada pirang ngeneki, jarene biyen simbokkku keturunan wong Landa”, yen ngono wes cetha deweke ayu wong bebuyutane wae blesteran karo wong Landa.
Yen disawang-sawang meneh, ngenes tenan lho nasibe yu Darmi kae. Biyen nate rabi karo priyayi kulon kali. Ceritane, nalika isih ngandhung anake sing kapisan, dheweke ditinggal bojone budhal menyang Malaysia. Pamite arep golek dhuwet sing okeh, ben uripe bisa kepenak. Iso tuku mobil lan gawe omah tingkat wolu. Ora apa-apalah yen kudu makarya neng luwar negri, jenenge wong urip kuwi kudu nglakoni susah dhisik amrehe iso seneng-seneng. Paribasan ing basa Indonesiane “berakit-rakit kehulu berenang-renang ketepian”. Nanging, kasunyatane ora gathuk karo pangarep-arepe yu Darmi. Wus sewindu bojone ora kirim warta, luwih-luwih kirim dhuwit kanggo yu Darmi. Babar blas ora nate. Anak sing kapisan mati nalika umur rong taun. Ceritane wayah wengi nalika anake lara panas, ora ndang gage digawa menyang rumah sakit. Lha arep jaluk tulung sapa? Bojone minggat ora karuan lakune.Tangga-tanggane jelalah yo padha tamsya ing luwar kutha amarga para pamong ing desa lan masyarakate lagi nglaksanakake program keluarga bahagiasetahun pisan. Yu Darmi kepeksa ora iso melu amarga wus pirang-pirang dina anake lara. Wayak kuwi arep nggawa neng rumah sakit ora ana kendharaan. Arep mlaku yo kadohan. Wong jaman biyen rumah sakit kuwi anane mung neng kutha cedhak alun-alun. Lha omahe yu Darmi? Nrusuk-nrusuk cedhak wana. Akeh dalan kang isih peteng dhedhet nalika wengi. Terah yo wus nasibe tenan, isuke kuwi anake langsung mati. Ora ketulungan.
“yu… yu Darmi… kopimu ndang ditokne… setengah lusin ya…” swarane mbah Wiji nylengking ngagetake wong lanang-lanang kang padha nyruput kopi kang tekane luwih dhisik. Disusul sing lagi wae teka yaiku rombongan jama’ah isyak pimpinane mbah Wiji. Sesepuh legendharise desa Jajar xikxikxik… aku ngempet ngguyu. Sing diarani setengah lusin kuwi pesene kopi yaiku enem cingkir kanggo rombongane mbah Wiji.“nggih mbah Ji.. ngersakake punapa maleh lintunipun kopi? Mi godhog? sega thiwul? sate minthi? Rondho…?” sumaure yu Darmi karo bukak leser ing meja mburine.“weh kowe dodolan rondho to yu?” sak uwat disaut mbah Wiji. Sautane kaya codhot kang nyaut pelem kang mateng ing uwit. “Jan mbah Wiji ki tanggap tenan yen babagan ngunu kuwi ki” kang Lasno nyelo ing pacelathon.
Suwasane ing kono sak uwat langsung pecah amarga padha ngguyu cekikikan…“ealah mbah mbah… mboten kados mekaten… mosok randha dodolan rondho. Yo’opo iki… kuwi lak jenenge prostitusi” logat Surabayanane metu. Wiwit rong taun kepungkur yu Darmi wus ngikhlasake bojone. Dheweke wiwit ngakoni yen dheweke wus dadi rondho kang ditinggal bojone minggat.“maksud kula kala wau badhe omong rondho royal, nanging kula badhe ngecek riyen punapa tasih”. “e jebule ngono to… lha apa ora nggawe okeh ta?” pitakone mbah Wiji. “nggih kala wau jan-jane kula nggorenge sampun kathah mbah. Alhamdulillah wonten priyayi kang mampir lan rondho royalku diborong”.“lho lho… priyayi saking pundi to Yu?” kang Lasno ganti sing takon.“Nggih duka Kang, priyayi menika telu jumlahejaler sedaya. Kula wedi arep takon, pawakane kaya preman uga gawa bedhil. Mengko kepriye yen kula dibedhil? Wong kula niki urip piyambak lo Kang, boten wonten sing mbela menawi wonten tiyang sing badhe ngapak-apakne kula”. “lha apa prelu tak kancani to Yu Darmi? Bendino lawuh sega thiwul wae aku ora apa-apa, pokoke aku padamu Yu… ” mak clurut sautane Bagong kaya dene Kamawijaya kang nembung Kamaratih amrehe gelem dijak bebojoan.
Yaa pancen… jenenge wae Bagong, bentukane jelas… lemu tur cendhek. Umure wus patangpuluh taun, nanging durung nduwe bojo. Jejulukane jaka kasep.Watake sing cengingisan kuwi kerep nggawe guyu liyan. “gong Bagong… reneo tak takoni Gong…” ngendikane mbah Wiji.“taken punapa mbah?” Bagong nyedhak lungguh mara ing sandhinge mbah Wiji.“kira-kira apa sing jalari kowe diemohi wong wadon?”. “ealah mbah… sinten ingkangsudi kaliyan wong lanang kados kula niki, mergawe mawon serabutan. Omahkula jibles pagupon sing gedhene ora sepira…pancen nasibkula dados jaka kasep mbah… mbok yo kula niki njenengan ruwat, kersane jim setan ingkang ngalangi-alangi rejekikula padha minggat”.“huusstt… omonganmu ora elok le. Jodho, rejeki, lan pati kuwi wus ana sing ngatur yaiku Gusti Allah Kang Maha Kuasa ing Jagad. Nanging, yen tak sawang-sawang kowe ki kakean gojeg. Durung bisa buktikake marang wong wadon yen niatmu ki temenan. Rambut gondrongmu kuwi lo kaya susuh manuk. Lan ana ing ngendi sendalmu? Kowe mrene ora gawa sandal ta?”.“pancen tiyang mlarat niku bentukane nggih kados menika mbah. Kula ngakoni menawi derajat kula boten ningrat. Nanging ning(rat)an”.“hahaha… dadi wong ki mbok aja ngono… ngono, ning aja ngono... Kuwi jan-jane ya ora elok lo Gong” sumaute kang Lasno. “panjenengan niku kandha apa ta kang? Basamu kok kaya surat kang diuntel-untel. Senajan njerone ana tulisane ning ora kena diwaca”.“omonganeLasno ya ana benere lo Gong. Wong sugih kuwi ukurane dudu bandha dudu rupa. Nanging ati pawitane… mula kita dadi menungsa kudu ikhtiar. Openana dandananmu kuwi. Wong wadon ben ora gila yen nyawang sliramu”.
Ora suwe wong-wong padha keprungu swara gemradag empreng lan wajan kang dithuthuki. Wong-wong padha keweden. Ora ana udan ora ana angin swara kuwi sansaya banter lan mbengung ing kuping. Wong-wong padha percaya yen ing desa Kuwi pancen keramat. Sapa ngerti kae wewe gombel, memedi, lan sebangsane lagi pesta. Opo meneh iki malem jemah kliwon. Klakon ngompol ing clanane dhewe-dhewe yen nganti diweruhi bangsane dhedhemitan. Opo maneh Yu Darmi kang urip ijen. Sapa sing bakal ngancani nalika pengen menyang WC? Sapa sing bakal ngancani nalika ora wani turu dhewe? Ing warung swasane kemelut lan sarwa bingung. Angin saka etan mak wuuss… nlungsep ana ing jero warunge yu Darmi nambahi hawa adhem ing wengi iku. Swara gedebug-debug sansaya keprungu banter. Kira-kira ana rombongan bala tentarane jim setan sing ngambra-ambra arep mbabat cagak-cagak omahe yu Darmi lan kaya arep ngobrak-abrik pirantine Yu Darmi. Nanging Yu Darmi salah apa? Rumangsane deweke ora natengganggu bangsane dhedhemitan.
Swara kuwi sansaya krungu banter kaya neng ngarep omahe yu Darmi. nanging wong-wong padha ora wani nyengunguk. “Pak… bapak…”…. “Kuwi kok kaya swarane bojoku… aja-aja dhemite kuwi njelma dadi bojoku” kang Lasno ngira-ngira. Sedhela ngkas ana rombongan wong wadon mlebu menyang warunge yu Darmi.“ealaah pak jebule kowe neng kene ta?” “lho ana apa buk kok nyusul rene?”…. “ana apa dhengkulmu amoh kuwi”… “kowe ora eling ta pak bengi iki wayahe nglakoni sunah Rosul. Jan-jane geneya yen menyang warung kok betah temen? Apa gara-gara bakule ayu kinyis-kinyis?”… “ooo… ooraa yo bu. Wong lanang kuwi nalika bisa ngumpul karo kancane agawe ati seneng semono uga kowe bu yen rong dina ora ngumpul karo yu Sih, yu Rah, yu Jum, lan liya-liyane apa ya betah? rak ora ta? Wong lanang kuwi ya butuh ngopi, bisa wae awak lungkrah amarga ora ngopi”. “senenganmu mung gawe alesan wae pak” saurane yu Kar bojone kang Lasno karo nggeret kang lasno muleh. Saben wong wadon sing neng rombongan padha geret bojone muleh.
Sawetara wektu ilang plas geger ing warunge yu Darmi. Warunge yu Darmi katon sepi mimpli kaya ing tengah kuburan. Pancene iki wus jam siji bengi. Warung wayahe ditutup.Lampune dipateni. Wayahe turu. Yu Darmi krudungan kemul krekep-krekep lan donga ben ora ana dhemit sing marani yu Darmi.

T          A         M         A         T          ……………………..

Surakarta, 6 Oktober 2017