Minggu, 30 April 2017

Cerkak Khotimatul Aminah




 Nanging Dudu Aku
Dening: Khotimatul Aminah

 


Wanci enjing, Setu Wage dintene, angin tansah sumribit nembus dhadha nusuk ing jiwa. Wujudipun embun kados eluh kang tumetes brebes mili wonten ing pipi. Tabuh enem enjing Jumayni ingkang asring katimbal May, wiwit siap-siap budhal sekolah. May, bocah ingkang lenggah wonten ing bangku Sekolah Dasar, dheweke niku boten kados dene bocah saumuranipun. Dheweke kagolong bocah menengan. Saben dinten wekdalipun telas kagem dhewean. May boten remen awor rencang-rencangipun. Nate wonten kadadeyan pisan, nalika May awor rencang-rencangipun, dheweke boten saged aktif cerita, lan nalika dijak gojegan bocahe boten saged gumuyu kados dene rencang-rencang sanesipun. Akhire boten wonten ingkang purun ngancani May. Malahan wonten rencangipun ingkang nganggep yen May niku bocah aneh. May inggih asring dipunlokne dening rencangipun. May, yuswanipun rolas tahun, dheweke sakniki kelas 5 SD. Sekolahanipun kagolong sekolahan ingkang terkenal ing kutha Solo.
Kaluwarganipun kagolong kaluwarga ingkang kacukupan. Bapakipun ngasta wonten ing pengadilan, jabatanipun dados Jaksa, dene ibunipun ngasta wonten ing salah sawijining perusahaan terkenal wonten ing kutha Solo ingkang jabat dados Manajer Keuangan. Saben dinten kekalihipun kondur wengi-wengi amarga kathah gaweyan ingkang kedah dipunayahi. May punika putri asil kawinanipun pak Sudarsono saha bu Darsih ingkang kaleksanan 13 taun kapungkur. Dheweke putra tunggal, saben dintenipun May diopeni dening pembantunipun, yaiku Mbok Sri ingkang yuswanipun sampun 55 taun. Panjenenganipun randha, garwanipun sampun seda dene putra-putrinipun sampun sami walakrama ngetutaken garwanipun piyambak-piyambak. Wiwit saking umbah-umbah, isah-isah, nyetrika, saha panggawean rumah tangga sanesipun kaayahan dening Mbok Sri, saha ingkang boten pareng kesupen inggih punika ngawasi lan ngurusi May ingkang sampun kaanggep dados putrinipun Mbok Sri piyambak. Nanging May boten saged srawung kaliyan Mbok Sri. Boten amung sepisan kalih pitakonanipun Mbok Sri boten digagas kaliyan May. Mbok Sri trima saged meneng kemawon. Pramila kekalihipun boten saged cedhak, amarga May bocahipun boten remen pacelathon.
Nalika kondur, tiyang sepuhipun May langsung leren bablas sare amarga badanipun kesel sampun merdamel sadinten utuh. Mbok Sri ingkang kulinanipun nguwasi May saking tebih, akhir-akhir niki asring nemoni solah bawanipun May ingkang aneh. Kadadeyan punika kawiwitan nalika tanggal 5 Januari 2017. Ing dinten selasa wengi May tangi lajeng medal saking kamaripun. Dheweke bukak lawang sarwa alon. Dheweke mlampah lajeng madosi kucingipun Pak So, tangga tepalihipun Pak Sudarsana lan Bu Darsih. Kucing ingkang saben wengi turu wonten ing teras ngarep omah. Saben May nemoni kucing prautane malih semrawut, kados dene tiyang ingkang anggadhahi dendam saha kebak amarah. Lajeng May mundhut watu ageng ing siseh kiwa griyanipun pak So. Watu ageng kalawau banjur dithuthukaken kucing kagunganipun pak So. Mbok Sri ingkang pirsa ngagem ketingalipun piyambak, rada boten percados, batinipun Mbok Sri, “opo aku iki ngimpi yo?” Mbok Sri setengah percados setengah boten. Saking kagetipun, panjenenganipun boten wantun madul dhateng pak Sudarsonio saha bu Darsih.
Luwih kaping 4 kucing e pak So dithuthuk i, mula saben wanci enjing Pak So kaget amarga awake kucing catu-catu. Pinten-pinten dinten sasampunipun kadadeyan puniku wanci dinten minggu enjing kucingipun pak So dikonangi mati. Ingkang jalari inggih punika, borok ingkang kathah wonten ing awakipun kucing. Pak Sudarsono enjing kuwi nalika sarapan, taken marang bu Darsih, “geneya yo bu kucinge pak So kok nganti catu-catu kaya ngono? Bu Darsih mangsuli, “lha inggih pak, kok yo aneh men mosok sing nglakoni kaya ngono pak So dhewe? Opo yo mungkin?” “hm bapak yo ora ngerti bu, wes aja suudzon ayo ndang age-age dientekne sarapane, gek ndang mangkat kerja”, prentahe pak Sudarsono. Mbok Sri boten saged ngendika punapa-punapa, amarga saking wedine manahipun.
Sampun tigang dinten niki kucingipun pak So mati. Nalika wanci wengi, wonten maneh tingkah anehipun May, sampun pinten-pinten dinten niki May boten saged bobok, mripatipun pentholong-penthiling ndelengi tembok omahipun. Kados wonten ingkang dipun padosi. Wengi niku Mbok Sri nguwasi ing siseh kiwanipun lemari bupet. May ingkang mangertosi cecek ing tembok, langsung dipunparani, banjur dicekel. Ngagem kukunipun May ingkang dawa cecekipun dipunpateni nganti metu getihe. Mbok Sri amung saged mlongo setengah kaget karo mbungkem lambene dhewe.
Nalika ing sekolahan, wanci jam kosong, ujug-ujug wonten rencangipun May ingkang ngelokaken: yen May meneng mawon kados patung. Rencang-rencangipun ingkang lenggah wonten ing bangku ngajengipun, wingkingipun, siseh kiwa, lan tengenipun May sami pindhah panggon. Lintunipun sami nyuweki kertas lajeng diuntel-untel lan diuncalaken marang May. Prautan wajahipun May ingkang datar niku tasih pancet mawon, kados boten nggagas. Lajeng wonten maneh bocah sanesipun ingkang jegug sirahipun May saking wingking. Sak uwat mripatipun May brebes, nanging boten ngetokaken eluh. Lajeng May ngadeg badhe menyang WC nanging wonten ingkang jengkakaken saking wingkingipun lajeng saking ngajengipun wonten sing njigal. May tiba, langsung semaput. Boten dangu dheweke tangi meleh banjur ngadeg jigreg. May langsung nesu-nesu lan ngobrak-abrik meja saha kursi wonten ing kelas. Setunggal lawan setunggal, rencangipun wonten ingkag dipunjambak rikmanipun, wonten ingkang dijengkakne nganti sikilipun ketatap lingiran kursi ingkang akhiripun medal getihipun. Kahanan kelas gadhuh sanget, bapak ibu Gurunipun turut menyang kelasipun May. May ingkang tasih kebak amarah punika langsung ditimbali wonten ing ruang BP. Rencangipun ingkang catu-catu kalawau dipunobati wonten ing UKS.
Sedinten saking kedadeyan punika bapak saha ibunipun May kaparingan surat saking sekolahan. Panjenenganipun dipuntimbali tindak dhateng sekolahan. Pak Sumarno ingkang ngayahi babagan BP (Bimbingan Konseling) nyariosaken tingkah lakunipun May wonten sekolahan ingkang jalaraken rencangipun catu. Sak jam sasampunipun pepanggihan punika, pak Sudarsono saha bu Darsih nyuwun pangapunten ingkang sakathah-kathahipun. Panjenenganipun janji bakal dhidhik putranipun supados kelakuanipun sae. Sasampunipun tiyang sepuhipun May dugi wonten ing griya, kekalihipun padu, adu tutuk. Pak Sudarsono nyalahaken bu Darsih amarga boten pecus dhidhik anak, amarga panjenenganipun repot ngurusi penggawean kantor kemawon. Pak Sudarsono nggih ngendika, garwanipun punika bonten saged dados ibu ingkang sae. Bu Darsih inggih gentos nyalahaken pak Sudarsono kasarengan kebak eluh wonten ing pipinipun. Boten dangu Mbok Sri rawuh wonten ing tengah-tengahipun kahanan ingkang sampun semrawut niku. Mbok Sri nglumpukaken manah supados saged tatag anggenipun ngendika marang kekalih ndoronipun. Ukara lawan ukara medal saking tutukipun mbok Sri ingkang nyariosaken kadadeyan wiwit saking May nyiksa kucingipun pak So saha kedadeyan sanesipun ingkang sampun mbok Sri mangertosi. Pak Sudarsono ingkang mirengaken kanthi raos boten percados, sak uwat panjenenganipun murka. Gantos nyeneni mbok Sri ingkang boten purun cerita wiwit kala mben. Mbok Sri saha bu Darsih tetangisan. Lajeng pak Sudarsono mikir pados solusinipun. Ujug-ujug panjenenganipun ngetokaken HPnipun, pados nomer hp wonten ing kontakipun banjur dipuntelpon.
 “Halo, Assalamualaikum, wah, pripun kabar panjenengan pak?, nggih Alhamdulillah menawi ngoten. Niki pak kula badhe sowan wonten ing Rumah Sakit panjenengan. Jam praktekipun panjenengan punika wiwit jam pinten ngantos jam pinten nggih?, oo… nggih. Benjing siang insyaallah kula sakeluwarga badhe sowan mriku pak. Matur nuwun”. Pak Sudarsono nutup telponipun. Lajeng pak Sudarsono maringi pangerten marang garwanipun, supados May dipunbeta wonten ing dokter psikolog.
Siang niku pak Sudarsono, bu Darsih, saha May tindak wonten ing salah sawijining Rumah Sakit wonten ing Solo. Panjenenganipun badhe nemoni pak Supari, ahli bidang psikologis tepanganipun pak Sudarsono minangka jaman biyen nalika tasih dados mahasiswa wonten ing UNS. Pak Sudarsono ngucapaken salam sesarengan nuthuk lawang ngagem drijinipun.
“assalamualakum.
“waalaikumsalam.”, jawabipun pak Supari. “mangga pak pinarak, mangga bu”,
 “o, nggih pak.
“,sampun dangu kula boten panggih panjenengan pak, sajakipun wonten punapa kok janur gunung sowan dhateng mriki?” ngendikanipun pak Supari.
 “saderengipun tepangaken, niki garwa kula Darsih, saha niki putri kula May”, “ngeten pak, kadosipun putri kula niki kagungan kelainan mental”.
“kelainan mental ingkang kados pundi pak? Punapa panjenengan saged nyariosi prastawa punapa kemawon ingkang sampun dipun alami dening May?”, pak Supari mangsuli.
Pak Sudarsono miwiti cariosipun ingkang dawa sanget. Intinipun panjenenganipun digawe bingung dening tingkah lakunipun May ingkang molah-malih, kadang dheweke dados bocah ingkang menengan lan nerima, kadang prautane kebak amarah, kadang tingkahipun aneh ora perikehewanan (amarga asring mateni kewan), kadang dheweke ngamuk lan boten saged ngontrol emosinipun ingkang asring nyebabaken tiyang ing sekitaripun catu.
 “lho, kedadeyan punika punapa sampun dangu pak?” pitakonipun pak Supari.
“Kirang luwih sampun telung sasi niki pak, sejatosipun kula ngertos kedadeyan niki saking mbok Sri, pembantu kula wonten ing nggriya, kula lan garwa kula saben dinten ngasta lan konduripun dangu-dangu, dados boten kober ngawasi May” ngendikanipun pak Sudarsono.
 “wiwit kapan May dipunasuh kaliyan mbok Sri?”
 “wiwit saking May umur kalih tahun pak”. Pak supari maringi panjelasan tingkah lakunipun May ingkang sampun nglewati wates punika dipunjalari saking kirangipun perhatian saha kasih sayang saking tiyang sepuh kekalihipun, wonten kamungkinan dheweke nerima tekanan-tekanan batin saking rencangipun, saha kirangipun komunikasi kalih tiyang-tiyang wonten sekitaripun, pramila dheweke boten saged nyaritakaken masalahipun saengga dipunpendhem piyambak. Pak Supari maringi kategasan menawi May punika kajangkit penyakit DID (Dissotiative Identity Disorder) utawi  penyakit kapribadhen gandha. Nanging untungipun bapak saha ibunipun langsung beta May menyang psikolog, dados tasih saged ketulungan lewat terapi.
Sasampunipun dugi griya, tiyang sepuh kekalih punika ngraos nyesel amarga salawase puniki boten nate menehi perhatian saha kasih sayang marang putrinipun. Kakalihipun nangis ngrasakaken kedadeyan ingkang dipunalami dening kaluwarganipun. Kekalihipun ngrangkul May sesarengan nyuwun ngapura amarga dereng saged dados tiyang sepuh ingkang sae. Panjenengan kekalihipun janji bakal ngorbanaken punapa kemawon kagem pengobatanipun May ngantos May saged dados bocah ingkang normal. Bu Darsih rela, mudhun saking jabatanipun amargi kepingin dados ibu ingkang sae. Sedaya pengobatan saha terapi ingkang butuhaken peran psikolog profesional kedah dipunlakoni.
Sampun nem sasi niki May kaparingan terapi rutin, sekedhik-sekedhik kondhisi mentalipun pulih nanging pancen boten saged drastis. Panjenenganipun kedah sabar sawetara wektu, ikhtiar saha ngentosi hidayah saking Gusti kang Maha Kuaos. Wanci dintenipun minggu nalika May, Bapak, saha Ibunipun piknik wonten ing taman Sriwedari Solo, May wiwit saged gumuyu kanthi bocah normal sanesipun lajeng ngrangkul tiyang sepuhipun. Kahananipun kebak rasa haru lan ngayubagya.
T   A   M   A   T……………………..
Solo, 7 April 2017

Puisi Khotimatul Aminah



KEPADA HUJAN
Karya : Khotimatul Aminah

kepada hujan
aku bercerita
tentang nada-nada
yang tak dapat kuraih dengan pita suaraku sendiri
dan kau temukan sajak-sajakku tergeletak,
tanpa nyawa
di dinding peraduan
dimana tiada kata rahasia
dimana orang-orang berhak mencukil duri dibenaknya
agar beban sedikit lebih ringan, katanya…

Geguritan Khotimatul Aminah



JAMAN PICISAN
Dening: Khotimatul Aminah



Jaman iki jaman picisan
Kabeh-kabeh kebak katresnan
Yen ora pacaran jare kurang pergaulan
Uga jalari ketinggalan jaman

Jamane jaman picisan
Asmara kanggo uba pacoban
Yen wus kedadeyan,
Mobat-mabit ibarat kitiran

Jamane pancen picisan
Nepsu kaumbra ing priyangga badan
Nlusup alus tanpa konangan
Jebule, dirgama tan kadugan

Duh, temenan iki jaman picisan
Ngawure wus ora karuan
Polahe wus ora kena digadhang
Anane mung rekayasan katresnan

Surakarta, 11 Oktober 2016